08 April 2018 | Pamomong

Blencong

Ngreksa Panguripane Bocah Kapiran

  • Dening Danang Cahya Firmansah

Kawitane Bathara Guru duwe pepenginan lunga bebarengan garwane, Dewi Uma. Awit iku Bathara Guru ngajak Dewi Uma. Si dewi sigra manthuk sinambi mesem tandha sarujuk. Bathara Guru uga mesem nyawang garwane kang katon sangsaya ayu matikel-tikel. Sang Hyang Jagad Nata sigra ngundang tunggangane, Lembu Nandini. Kewan awujud sapi iku tundhuk nyumanggakake pepenginane ndarane.

Dewa-dewi kuwi nitih Lembu Nandini. Sak-iyeg, si lembu mabur kayadene lintang aliyan, mencolot saka kidul mangulon, lor mangetan ngubengi akasa. Pas ana ndhuwure samudra, angin sangsaya kenceng. Rikmane Dewi Uma kaya gendera kanginan: mobatmabit. Bathara Guru noleh mburi, nyawang garwane kanthi kebak rasa tresna. Dewa sakloron tansah pepandengan, catur netra, hambabar daya pangaribawa, gawe getering rasa. Angin isih kenceng, malah ngosakasik jarike si dewi.

Bathara Guru nyawang pupune Dewi Uma kang putih mrusuh. Saya suwe nyawang saya mblayang. Bathara Guru kaya nyemplung ing segarane madu. Tan krasa, manine Bathara Guru tumetes tiba ing samudra. Mani iku malih wujud dadi geni kang saya suwe saya gedhe lan saya ngambra- ambra. Katiup angin, geni iku dadi sak-anakan gunung gedhene. Wujude saya cetha, awujud buta.

Bayi raseksa iku nangis nggawe horege kayangan. Para dewa bingung, merga ora ana kang bisa nglerem tangise bayi. Bayi iku sumrambah takon makaping-kaping tanpa kendhat: sapa wong tuwaku? Bathara Guru akire ngaku yen bayi iku pancen anake. Tangise bayi sigra lerem. Nanging si bayi raseksa njaluk pangan marang bapake.

Panganan awujud manungsa kanthi sarat anak kang lair ngepasi srengenge surup, anak kang lair ngepasi srengenge mlethek, anak kedhana-kedhini, anak pancuran kapit sendhang, anak sendhang kapit pancuran. Saka iku Bathara kala isih njaluk maneh manungsa kanthi sarat-sarat tan mokal. Bathara Guru mung manthuk nyarujuki. Banjur dheweke menehi jeneng marang bayi raseksa iku: Bathara Kala.

***

Cerita wayang iku gegambaran urip kang kebak nguja hawa. Nadyan ta dewane dewa, nanging prasasat cidra ing laku tetep kena bebendu. Bathara Guru kang kudune ngemong para dewa kanthi nuduhake tumindak kang becik malah kepleset solahe dhewe.

Solah kang ndadekake Bathara Guru suda kawibawane, suda pakurmatane. Awit cerita iku, aku kelingan marang bocah-bocah kang padha mloya-mlayu ngamen ana pinggir lampu bangjo, ana pasar, ana ngisor kreteg ing kuthakutha. Bocah-bocah kang kala mangsane dolanan malah kesrakat uripe. Golek sandhang-pangan sinambi ngeyub ing ngisor srengenge.

Terus ana endi satriya praja kang kudune ngayomi rakyate? Apa lali marang Undang-Undang Dasar 1945 kang nyebutake bilih wong mlarat lan bocah kapiran iku diopeni negara? Yen kahanan kang mengkene iki terus ora dadi kawigatene para satriya praja, apa ya ora bakal nggawe horege negara? Apa ya tangise bocah-bocah kapiran iku ora nggawe horege nala?

Miturut Basis Data Terpadu (BDT) saben Nopember saka Pusdatin Kementerian Sosial, ana 3,7 yuta bocah kapiran kang durung dimangerteni nasibe lan durung antuk skema pangayoming negara. Kanthi cacah kang semono akehe iku kudune wis nggawe horege nala para praja. Sigra ngulurake tangan ngrangkul para bocah kapiran. Kedadeyan iki kudune aja nganti ngambraambra. Para praja kudune niru Bathara Guru, kang akire gelem ngakoni lan ngrangkul Bathara Kala.

Nagih Janji

Bathara iku dewa, kala iku wektu. Bathara Kala ora liya ya dewane wektu. Sejatine kabeh manungsa dadi pakanane Bathara Kala. Nadyan ta raja nganti sudra, kabeh mesthi bakal kalindhes rodhaning wektu. Cilik tumekeng remaja banjur diwasa ngancik tuwa terus palastra. Apa bisa ngandheg utawa mbaleni wektu kang bakal lan wis kelakon? Yen mengkono apa kang kudune kita ayahi saben-saben wektu? Apa sing kudu diayahi nayaka praja marang rakyate nalika wektu nyekel pranatan? Pancen manungsa kalebu panguwasa uga ora kuwawa nglawan wektu. (44)

-Danang Cahya Firmansah, paraga Lingkar Studi Kebudayaan Indonesia